Ngene iki yen ono wong jowo merantau ning negorone poro bule. Tetep wae ra iso ngilangi jati dirine, tetep wong jowo. Ilatte tetep ilat jowo yen pas ngomong tetep wae medok. Menu maeman yo tetep balik ning selera asal, plataran khatulistiwa. Wedang manis, jangan pedes tetep ra iso pisah seko istilah panganan enak. Ora manis ora pas, ora pedes ora cocok. Opo meneh awakku sing asline seko Megelang, kaki gunung sumbing sing metik lombok wae cukup ning pekarangan (tonggone) ra perlu ning pasar utowo supermarket. Lombok, tomat lan sak piturute iku ibaratte mung koyo suket sing ra ono regone. Iku yen ning desoku, deso sing ra tau kurang banyu lan sayur mayur khas pegunungan.

Bedo adoh karo ning kene. Negoro sing biyen nate njajah bumi pertiwi sing ndadekke nelongso, Londo. Panganan jowo ning kene dadi panganan internasional. Lombok rawit lan sayur-sayur khas jowo koyo pete lan jengkol justru luwih larang dibandingke keju lan roti. Larang kabeh. Masakan nganggo lombok rawit iso dadi panganan sultan, ra akeh ning kene. Ngomonge spicy padahal yo mung gebrah mrico lan dudu amergo roso lombok.

Ra bedo adoh pas arep njajal panganan wong liyo. Aku nyobo Shawarma, panganan asli Turkey. Negoro iki ono ing perbatasan asia lan eropa. Ora kenal opo iku bayem, jengkol opo meneh tiwul sing asline seko plataran jowo.

Shawarma kanggo wong Turkey iku salah siji panganan pokok. Yo mungkin koyo telo sing kadang ngganti sego, yen ning jowo. Tapi mergo ketemu aku sing wong jowo, fungsine tak ganti. Sing kudune panganan pokok tak geser dadi aksesoris wae alias lawuh. Jare koncoku sing seko Suroboyo, shawarma yen ketemu sego dadi koyo daging tumis. Padahal weteng lan ilat jowo ki emang ra iso ninggalke kumpulan upo, sego.

Sego lauk shawarma rosone ra pas yen ra nganggo kopi. Aku nggowo dewe seko Semarang. Gowo 2 renteng kopi saset kapal api. Kopi tubruk sing emang ra ono bandinganne. Mungkin yen teh, ning kene luwih akeh ragame. Luwih akeh pilihan rosone. Tapi yen kopi, rosone kok tetep gayo tetep nomor 1 lan kapal api dadi koncone.

Lebar nulis dowo iki, roso-rosone blog iki yo wis geser seko tujuan awalle. Biasane cerito kahuripan kelas termasuk mahasiswa lan penelitian, saiki malah dadi blog lifestyle lan kulineran.